Kamis, 18 Juni 2015

MAKALAH BAHASA JAWA SEDEKAH BUMI



BAB I
PURWAKA

1.1.    Latar Belakang
            Upacara adat tradisional sedekah bumi inggih punika salah sawijining kagiyatan ingkang kaiket dening aturan tartamtu  ingkang dilaksanakaken kanthi turun-temurun. Upacara adat tradisional liyanipun ingkang taksih lestari inggih punika sedekah laut, suran,nyadran, lan sapanunggalanipun. Upacara punika taksih dilaksanakaken dening masyarakat tartamtu.
            Sejatine kagiyatan upacara tradisional sedekah bumi dilaksanakaken kangge nggolek keslametan.Mongko, kagiyatan punika  uga diarani upacara keslametan. Kagiyatan punika salah sawijining cara manungsa kangge nggolek keslametan, katentreman, lan njaga kalestarian kabudayan. Kagiyatan upacara tradisional sedekah bumi dilaksanakaken kangge ngurmati, nyukuri, muja, lan nyuwun keslametan kaliyan gusti ingkang maha agung.
            Ingkang paling utama kagiyatan upacara tradisional sedekah bumi dilaksanakaken amarga manungsa ngraos menawi gadhah katerbatasan tartamtu ingkang saged ngrubah kauripanipun. Nilai-nilai ingkang wonten  ing sajrone upacara adat tradisioal sedekah bumi inggih punika nilai spiritual, sosial, lan moral. Nilai-nilai kasebut nyebabaken kawontenanipun norma ingkang ngatur kauripaning manungsa, yaiku manungsa kedhah ngedohi kelakuan ingkang boten sae lan nyoba nglakoni pegawean ingkang becik.
            Upacara adat tradisional sedekah bumi dilaksanakaken saking kesadaran manungsa menawi bumi sampun maringi sedaya bab kacukupaning kebutuhanipun manungsa. Ing bab punika sejatine kabutuhanipun manungsa ingkang pokok wonten tigo yaiku pangan, sandang, lan papan.
            Pangan yoiku kabutuhane manungsa ingkang paling penting, amarga tanpa pangan manungsa mboten saged urip. Ing bab punika kabutuhan pokok manungsa ingkang wujude pangan yaiku sekabehe barang ingkang diangsalaken saking bumi. Tuladha  pangananipun inggih punika beras, jagung, gandum, sagu, umbi, lan sapanunggalanipun. Sekabehe ming saged diangsalaken saking bumi. Lan ugo kabutuhan panganan liyane yoiku janganan, buah, lauk, bumbu-bumbu lan uga daging. Sakliyanipun panganan , kabutuhan penting kangge urip manungsa yaiku toya. Menawi mboten wonten toya , manungsoa boten saged urip. Kabutuhan toya kangge manungsa ming saged diangsalaken saking bumi.
            Kabutuhan sandangan uga penting sanged kangge kauripaning manungsa. Kabutuhan sandangan bahan-bahane diangsalaken saking bumi, ingkang kagawe saking wit-witan utawi saking bahan-bahan kang asale saking kewan. Kewan lan wit-witan uripe uga saking bumi.
Sandang lan pangan pentinng, nanging papan uga boten kalah pentinge. Kabutuhan papan kangge  manungsa diangsalaken saking bumi. Ing bab punika bumi yaiku panggonan kangge manungsa manggen. Piranti  ingkang dibutuhaken kangge ndamel panggonan uga saking bumi. Kayata watu,wedhi, kapur, bata, kayu, lan sapanunggalanipun. Amarga bumi perananipun penting sanget, kita saged nyebut bumi sumber saking sedaya sumber kauripan manungsa.

1.2.    Rumusan makalah
Kanthi dhasar saking latar belakang meniko fokus  masalah ingkang dipunpundhut inggih menika babagan artos lan nilai-nilai luhur ingkang terkandung wonten sak upacara adat tradisioal sedekah bumi.

1.3.    Tujuan panyeratan
            Menggahing tujuan saking pangastan makalah menika enggeh puniko :
1.     kagem njangkepi  piwucal Bahasa Jawi
2.     paring tampahan pengetahuan nopo ingkang dipun arani upacara sedekah bumi.

1.4.    Metode Pengumpulan Data
            Makalah menika dipun susun kanthi data engkang dipun pendet  saking browsing utawi penelusuran data saking internet.


BAB II
SURASA

2.1    Upacara Adat Tradisional Sedekah Bumi
Upacara adat tradisional sedekah bumi, inggih puniko tradisi upacara sedekah kangge keslametan bumi. Ing bab punika bumi kedah dislameti amarga bumi sampun maringi sedaya bab ingkang dibutuhaken manungso kangge nyukupi kabutuhan ingkang penting. Manungsa urip ing sanduwure bumi , angsal kaurupan saking bumi , lan mbenjang sedane uga mbalik maneh ing bumi. Keslametan manungsa tegantung keslametan bumi. Menawi bumi rusak, mesthine manungsa sengsara. Lan kuwalikane, menawi bumi slamet manungsa uga saged ngraosaken keslametan.

2.2    Wekdal Lan Panggenan Upacara
Wekdal dilaksanakaken upacara adat tradisional sedekah bumi inggih punika ing wulan Dulkaidah, lan biasane dinten selasa kliwon. Menawi ing bulan dulkaidah boten wonten dinten selasa kliwon, dinten ingkang dipilih yaiku dinten jum’at kliwon.Pamilihan dinten selasa kliwon dados pelaksanaan upacara adat tradisional sedekah bumi inggih punika saking pertimbangan menawi masyarakat jawi nganggep dinten selasa kliwon dinten ingkang keramat. Mongko, kathah tiyang jawa ingkang percaya menawi dinten dinten kasebat dinten ingkang langkung sae kangge nglaksanakaken ritual tartamtu kangge nyuwun /ndedonga  marang Gusti.
Lan jum’at kliwon gadhah keyakinan saking ajaran agama islam, menawi dinten jum’at dinten ingkang berkah. Panggenan kangge nglaksanakaken upacaranipun inggih punika ing panggenan ingkang sae. Ing bab punika upacara adat tradisional sedekah bumi ingkang dilaksanakaken ing jawi biasanipun teng balai desa.

2.3    Ancas Dilaksanakakenipun Upacara
Ancas saking dilaksanakakenipun upacara adat sedekah bumi inggih punika supados bumi slamet. Amargo keslametan bumi ,keslametan manungsa lan kerusakan bumi uga kasengsaraan manungsa.
2.4  Tiyang Ingkang Nindakaken Upacara Adat Sedekah Bumi
Tiyang ingkang nindakake upacara adat tradisional sedekah bumi inggih punika sedaya warga masyarakat wonten ing desa  punika.

2.5  Piranti Upacara
Piranti kangge ngelaksanakaken upacara adat tradisional sedekah bumi inggih punika wedus kangge disembelih , sekul, becek pitik, lan lauk pauk secukupe. Kalengkapan  ingkang digunakaken inggih punika sancak lan tenong.

2.6  Lampahipun upacara  
Lampahipun upacara adat tradisional sedekah bumi inggih punika ;
            Ing dinten ingkang sampun  ditentukaken yaiku ing lapangan balai desa ngelaksanakaken penyembelihan wedus. Banjur endas weduse disisihaken kangge tumbal (tolak balak) lan saterusipun ditanem ing panggenan inkang sampun ditentukaken supados warga desa tebih saking penyakit. Daginge dimasak ing kantor kepala desa kangge nyuguhi tamu undangan lan tiyang ingkang ngelaksanakaken kagiyatan kasebut.
Menawi sedaya warga sampun kumpul ing panggenan ingkang kangge ngelaksanakaken lan sampun mbetha kalengkapanipun upacara, sedekah bumi diadani. Acara ingkang kaping pisan yaiku ndonga bareng-bareng diterusaken kenduri. Sasampunipun kenduri para warga wangsul. Ing wayah ndalu dilanjutaken acara pagelaran wayang kulit.

2.7 Makna lan Kagunaaning Upacara
Acara punika kangge nyuwun kaslametan dumateng Gusti ingkang maha agung saking gangguan utawi tolak balak supados tebih saking bebaya. Upacara punika uga kanggo ngaturaken raos syukur amarga sampun kaparingan rizki saking kasil panen ingkang kathah.




BAB. III
WASANA

3.1    Dudutan
Provinsi Jawa Tengah anggadahi kathah kabudayan. Salah sawijine inggih punika upacara adat tradisional sedekah bumi. Kagiyatan punika dilaksanakaken kangge nggolek keslametan lan piranti kangge tolak balak /nebihaken saking penyakit.

3.2    Saran
Budaya jawi sedekah bumi kedhah dilestarikaken amarga kabudayan punika alat kangge  ngaturaken raos syukur dumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun maringi rizki ingkang kathah.

DAFTAR PUSTAKA


            (dipun akses senin, 27 Januari 2014)

            (dipun akses senin, 27 Januari 2014)

            (dipun akses senin, 27 Januari 2014)

            (dipun akses senin, 27 Januari 2014)

            (dipun akses senin, 27 Januari 2014)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar