Kamis, 18 Juni 2015

10 CONTOH GEGURITAN



JANJI SEPI

Dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat isih dawa janjimu
kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku
nlusup ing balung sungsum
angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu yen lagi nyawang jagad
agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara
ora kuwat nyangga bumi
ora kuwat ngreksa budi
angin isih nggoleki aburing kupu
mangsa rendheng udane nggrejih
nanging kali durung akeh banyune
rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke
ngebaki guwa pertapan asri
kekidungan dhewe tan kena dipenggak
kadya lali purwa duksina
angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi












KASMARAN

Petheng ndedet lelimengan
Nalika mendung angemuli rembulan
Kadya petenging atiku
Kang lagi kelangan
Srengenge kang sumunan ing pojokan atiku
Srengenge iku sliramu
Katansah madangi atiku
Nangeng embuh ana ing ngendi sliramu saiki
Aku mesti bakal nggoleki
Sanajan among ana ngimpi



















LUHING KATRESNAN

Mripatmu kembeng-kembeng
Ngampet perih ing netraku
Mendung petheng ndedhet
Gumandul ing langit ireng sap pitu
Luhing katresnan
Ngipatake jiwa kang ringkih
Nganthi bundhas tatu biru
Luhing katresnan
Nyiyutake panjang kaku
Njambak praupanku sing abnag mbranang
Ngiles tandes katresnanku
Luhing katresnan
Nyebul mlendung rasa gethingku
Nganti mledhus nuwuhake ganda amis
Tumpleg bleg ngebaki kalbu















Jaman Iki Wis Banget Tuwa


Ngger,anakku
Jaman iki wis tuwa
Kabudayan wis rontang-ranting
Mung kari crita
Aja maneh sinom, dhandhang gula utawa gambuh
Salarik guritan wae wis ora ana sing ngganggep
Kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
Sing setya ngrengganisepine wengi

Binareng angambare cempaka sari
Wis ora ono tembang kinanthi
Sing mbiyen tansah methuk eseme rembulan
Nalika bocah-bocah dolanan jamuran

Wis ora ana, ngger
Kejaba swara tangis.












KEKUDANGANKU

o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya

yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling

o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***















UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
 ***















NALIKA SEPI ....
pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut ***
maymintaraga, jakarta 27 mei2009



















PANGUDARASAKU
Pangudarasaku.....
Déning Setya Amrih Prasaja

Sun gegurit lumantar tutur kang prasaja
Nyawiji siji swarganing pandulu
Minangka tandhacakra kalaning rawi
Ngudi kawruh kanthi laku kang satuhu
Nunggal karsa, cipta, rasa lan pakarti
Nggayuh karya karyaning akarya

Sumiliring samirana, ambyuking tirta kumalasa
Lelumban lir turangga, angreksa rahayuning bawana
Tinon éndah swasana kikising samodra daksina
Rinumpaka kinanthèn pudyastawa sang Akarya Loka
Kinarya pandum pandoming rasa kumawula

Bantul praja tamansari
Rinengga kadya praja kang dinulu asri
Sumungkem, sumèlèh ngarsaning Gusti Kang Maha Suci
Tinata, titi tentrem karta kang sarwa piniji
Saéka kapti, tansah amarsudi raharjaning nagri
Kanthi asesanti mamayu hayuning ibu pertiwi
Pinuji puji rina kalawan ratri.











MAWARKU

O, mawar kang mulus

dak pethik kanthi tangan katresnan

nadyan driji iki kebak irenging Lumpur


Mawar kang resik

sesambatmu  lan panangismu 

nalika dak tandur ing ati kang tatu

rinoncé madhangi ati kang sepi



Aku iki pangumbara kaluwèn lan ngelak

aku tansah ngentèni tètèsing tresnamu

necep gandamu kang ngambar arum



O, mawar kang mulus   

alum godhongmu ing regemané tangan

kumlawèr lung-lungmu sinendhal peksan

sesambatmu lan panangismu

aku nora téga tansah meksa



Dak culaké kembang ing gegemaning tanganku

aku arep mbacutaké laku

nadyan tansah cuwa, kaluwèn lan ngelak.








SIMBAH


·         Simbah…….
·         Rikala sampéyan sugeng
·         Panjenengan tansah mènèhi pitedah
·         Sembur uwur lan pitutur
·         Dumateng para anak putu
·         Kangga sangu ing gesang

·         Simbah………
·         Tambah dina tambah umur
·         Raga samsaya dadi garing
·         Nanging urip tetep tentrem
·         Tansah demen ing sawah paladangan
·         Dadi sumbering panguripan

·         Simbah……
·         Sanadyan urip ing padésan
·         Nora kènggoh gebyaring jaman
·         Urip prasaja ing padinan
·         Nora kendhat sukur marang kang kuasa

·         Simbah……..
·         Panjenengan sampun kasidan jati
·         Wasiat panjenengan tansah kula pundi
·         Kanggé anglampahi gesang niki
·         Supados dumugi marang Gusti

·         Simbah…….
·         Putumu iki nora bisa mènèhi piwales
·         Namung bisa amènèhi donga lan puji
·         Ujud bekti marang sliramu.
·         Muga bisa dadia usada
·         Pikantuk papan panggenan
·         Luwih mulya lan mukti
·         Tinimbang ing alam donya
·         Kang ingaran alam kasuwargan
·         Dadia umat kinasih ing gusti






2 komentar:

  1. ijin kopas ya bray....kunjung balik http://geguritan.com/2016/03/14/geguritan-negeriku-negeri-pangimpen/

    BalasHapus